PRIMBON: NGALAMATE KEDUTEN
- Saranduning awak kabeh : arep seneng ndeleng kaendahan
- Sirah : Oleh dahulate wong agung
- Embun-embunan : arep dadi mantri / priyayi
- Bathuk tengen : arep oleh arta
- Bathuk kiwo : arep nemu seneng
- Alis tengen : arep oleh arta
- Alis kiwo : arep ketemu kakasihe
- Tlapukan mripat tengen ndhuwur : arep oleh arta
- Tlapukan mripat tengen ngisor : arep nemu kasusahan
- Tlapukan mripat kiwo nduwur : arep oleh kabecikan
- Tlapukan mripat kiwo ngisor : arep nangis
- Tadhahluh tengen : arep nemu susah
- Tadhah luh kiwo : luwar saka prihatin
- Papadoning mripat tengen : arep ningali kakasihe
- Papadoning mripat kiwo : arep kasusahan
- Wrejilane mripat tengen : arep nangisi wong mati
- Wrejilane mripat kiwo : arep ningali wong saka desa
- Pipi tengen : arep di panggawe wong
- Pipi kiwo : arep loro
- Irung sisih tengen : arep oleh arta kalal
- Irung sisih kiwo : arep ketemu kakasihe
- Lambe tengen nduwur : arep oleh srama (pangan)
- Lambe tengen ngisor : arep kepenak awake
- Lambe kiwa nduwur : arep rarasan karo sanake
- Lambe kiwo ngisor : arep oleh pagaweyan becik
- Tengah lambe ndhuwur : arep tukaran/padu
- Tengah lambe ngisor : arep mangan enak
- Kuping tengen : arep ketemu sanake
- Kuping kiwa : arep nemu ujar becik
- Janggut tengen : arep dimumule wong agung
- Janggut kiwo : arep ketemu wong agung diparingi pagawean
- Gulu tengen : arep loro epeh
- Gulu kiwo : arep loro nanging gelis waras
- Pundhak tengen : krabate nemu loro
- Pundhak kiwo : arep dimumule wong wadon
- Pundhak kiwo tengen : arep loro
- Bahu tengen : arep tukaran
- Bahu kiwo : arep lara
- Geger tengen : ana wong teka utang dhuwit
- Ula-ula : arep lara / susah
- Geger kiwo : arep nemu kabegjan
- Dhadha tengen : arep ketemu kakasihe
- Dhadha kiwa : arep weruh wanita ayu banget (yen wadon arep weruh wong lanang bagus)
- Dhadha ing tengah : arep oleh kabegjan
- Susu tengen : arep oleh arta
- Susu kiwa : arep ketekan mantri
- Weteng tengen : arep oleh rejeki akeh
- Weteng kiwo : arep oleh arta akeh
- Puser (wudel) : arep oleh kanugrahaning Allah
- Kekempong tengen : arep oleh wanita
- Kekempong kiwo : arep nduwe anak
- Atine : arep oleh arta
- Tangan tengen / kiwo : arep oleh arta
- Epek-epek tengen : arep oleh arta
- Epek-epek kiwo : arep oleh bebathen saka dol tinuku
- Lengen tengen : arep oleh rejeki
- Lengen kiwo : arep oleh arta
- Sikut tengen : arep nemu ora kepenak atine
- Sikut kiwo : arep oleh duduko
- Driji manis tengen: arep oleh arta
- Driji manis kiwo : arep oleh wanita
- Jenthik tengen : arep dipupu wong
- Jenthik kiwo : arep tinampan dening wong
- Sela-selaning driji tangan tengen : arep nemu seneng
- Sela-selaning driji tangan kiwo : arep kinasihan wong gedhe
- Jempol tengen : arep oleh bojo becik
- Jempol kiwo : arep oleh jodho
- Panuding tengen : arep oleh pagaweyan
- Panuding kiwo : arep oleh kawirangan
- Panunggul tengen : arep lara
- Panunggul kiwa : arep susah
- Lambung tengen : arep nemu susah
- Lambung kiwa : arep muring-muring
- Bangkekan tengen : arep oleh kabecikan
- Bangkekan kiwo : arep ndhuweni asih marang wong liya
- Purus tengen : arep jimak
- Purus kiwo : arep dadi pangulu
- Bokong tengen : arep ana wong kang teka
- Bokong kiwo : arep oleh sihing Allah (yen kang keduten wanita,bokonge tengen / kiwo,wanita mau arep oleh bojo)
- Pupu tengen : arep lumaku / tetemon karo wong wadon
- Pupu kiwo : arep ana wong anggawa arta,utawa yen lara ana wong kang nggowo tetamba
- Cicingklok tengen : arep dimumule wong
- Cicingklok kiwa : arep oleh arta
- Wentis tengen : arep tukaran
- Wentis kiwo : arep ketemu sanake
- Gares tengen : arep lelungan
- Gares kiwo : arep diundang wong
- Dlamakan tengen : arep nemu serik
- Dlamakan kiwa : arep lelungan adoh
- Sela-selaning driji sikil tengen : arep oleh gawe
- Sela-selaning driji sikil kiwa : arep oleh jodho
- Sikil tengen / kiwo : arep oleh arta / karawuhan priyayi
- Wawadine : duwe karep ora bisa kawetu
- Jubur/dubur : nemu lara
- Gorokan tengen : arep nemu bebaya
- Gorokan kiwo : arep nemu kesusahan gedhe
- Githok tengen : arep nemu untung
- Githok kiwo : arep weweh
- Pagelangan tangan tengen : arep oleh wahyu becik
- Pagelangan tangan kiwa : arep kinasihan wong agung
Selengkapnya...